Aku Erina Wiji Lestari nomor absen 11 saking SMAN 1 DURENAN. Aku diwenehi tugas dening Guru Basa Jawa kanggo nggawe crita cekak ing basa Jawa. Aku nggunakake basa saben dina.
Mugia migunani.😁
Didik Bocah Pantang Nyerah
dening: Erina Wiji Lestari
Saben bar shubuh, Didik lan ibuke mbunteli sompil seng bakal di dol ibuke ing pasar. Sebare buntel-buntel, dheweke ngeterne ing pasar numpak sepedhah. Dheweke ngeterne kanthi ati-ati.
Dina iki dina senin. Sebare dheweke ngeterne sompil, dheweke lan adhike cepak-cepak budhal sekolah. Adhike kelas 6 SD lan dheweke kelas 12 SMA. Sekolahe Didik ngelewati sekolahe adhike. Amerga kui dheweke mbarengi adhike budhal sekolah. Biasane Didik budhal sekolah barengan karo Bowo. Kanca sekolah e nanging bedho kelas. Dadi sebare ngeterne adhike, Didik mampir ing omahe Bowo.
Jam 06.00 biasane Didik wis teko ing omahe Bowo. Senajan Bowo bocahe mbangkongan , Didik lan Bowo budhal jam 06.45. Ing dhalan Didik mancal pedhal sepedhah kanthi banter amerga jam 06.50 gerbang sekolah e di tutup marang Pak Guru.
*Grodaaaakkkk* suarane sepedhah e Didik nabrak gerbang amerga sepedhah e di uncalne karo Didik. Dheweke lan Bowo mencolot mlebu gerbang. Pak guru kaget setengah mati. "Hoalah le le. Kathek kebangeten kowe i ngeget-ngegeti." Didik omong " Ngapunten pak. Niki sampun kasep."
Ing kelas, dheweke tergolong siswa sing seneng pelajaran olahraga lan itung-itungan, kayata: Matematika, Fisika, Kimia. Tepakan bedhekan soal digawe ulih-ulihan soko pak guru matematika, tanpa nyoret-nyoret ing buku, dheweke iso ngerjakne soal matematika cukup umik-umik lan nggaruki sirah, dheweke uwis isa njawab soal.
Ing kelas 10 , 11 mbiyen, meski dheweke tergolong siswa sing pinter, dheweke ora krasan yen suwi-suwi ing sekolahan. Jam 10.00, dheweke mesti ijin ing Ibu utawa Bapak Guru mulih disek . Amergo kemampuan otak e isa nampa pelajaran mung isa sampek jam 10.00 . Awale bapak ibu guru ora gelem mulihne dheweke sadurunge jam mulih. Akhire Didik isa mulih tapi kanthi syarat dheweke kudu nduweni biji ing nduwur rata-rata. Sak tenane kanca-kancane meri karo Didik. Dheweke iso mulih luwih awal ketimbang kanca-kancane. Enek sing njajal kaya Didik, tapi mesti gagal. Kanca-kancane Didik rata-ratane mesti bijine medun.
Tapi saka kelakuane dheweke pas kelas 10 , 11 iku, dheweke kerep di remehne kalih guru-guru lan kanca-kancane. Jerene dheweke ora isa nerusne kuliah amerga dheweke dianggep ndak mentingne sekolah, lan faktor keluargane sing serba kekurangan. Didik sadar, yen sing diomongne faktor dheweke saka keluarga sing kurang mampu, tapi dheweke ndak nganggep sekolah iku ora penting. Dheweke isa ngebuktekane yen dheweke iku isa melbu kuliah lan ngawujudake cita-citane. Dheweke bertekat yen dheweke isa ngerubah takdire lan ngebanggakne wong tuwane.
Ing kelas 12 dheweke pengen berubah. Dheweke dadi bocah sing sregep lan ndak mulih sakdurunge jam mulih. Dheweke kudu fokus ujian bene sok dheweke lulus ing PTN sing dipingini lan ngolehne beasiswa bene dheweke isa kuliah kanthi gratis. Dheweke sinau sampek bengi lan latihan soal-soal. Dheweke yo njajali latihan tryout-tryout sing dienekne lembaga-lembaga bimbingan belajar lan sak liyane. Dheweke ngerjakne tryout latihan iku seolah-olah dheweke ngerjakne tryout tenanan. Dheweke yo ora lali kudu tirakat njaluk dongo marang Gusti.
Akhire dino ujian tes masuk PTN sing biasane di arani SBMPTN teka. Dheweke cepak-cepak budhal ing PTN seng di tuju. Ing dhalan dheweke ngakehi dzikir lan donga muga-muga oleh seng paling apik gawe dheweke. Jarak PTN karo omahe Didik rodok adoh amerga PTN iku lokasine bedho kutho karo kuthone Didik. Dheweke nempuh perjalanan 1 jam.
Didik wis teko ing lokasi. Dheweke ndredek tapi dheweke kudu rileks. Dheweke pasrah ing Gusti kepriye selanjute. Dheweke mung usaha semampune. Sebare dheweke registrasi, dheweke mlebu kelas ujiane. Dheweke ngerjakne seisane. Didik wis cukup ngerjakne, terus dheweke ngumpulne jawabane ing panitia. Pengumumane seminggu sebare SBMPTN. Dheweke mulih lan ngenteni pengumumane.
Seminggu sebare ujian SBMPTN, dheweke ngecek piye khasile ujian. Karo ndredhek, dheweke ngecek ing laman SBMPTN tepakan mumpung isik ing lab komputer sekolah. Didik nggoleki jenenge kanthi tenanan. Lan akhire, dongane Didik di ijabah marang Gusti. Ing laman, Didik keterima ing PTN sing dipengene. Didik seneng kanthi banget. Akhire dheweke iso ngebuktekne yen dheweke isa. Didik langsung ngabari ibuk bapake. Guru-guru lan kanca-kancane padha ora percaya lan padha ngucapne selamat ing Didik. Ora mung iku thok, ternyata dheweke oleh nilai UN tertinggi ing se-Kabupaten/Kutha ne. Saka iku, Didik oleh penghargaan lan dheweke oleh beasiswa.
Akhire Didik isa ngebuktekne yen dheweke iso ngebanggakne ibuk bapak e lan ngejar cita-citane meskio dheweke anake wong ora nduwe. Didik percoyo yen dheweke tenanan, dheweke iso sukses.


































































